Minggu, 30 Oktober 2011

Cerita Rakyat


                   Cerita rakyat yaiku sawijining prosa lawas sing urip ing masyarakat lan anggone nyebarake turun-temurun nganggo bahasa lisan. Crita rakyat kasebut kacritakake ing maneka warna kahanan, ana ing sajroning kumpulan, utawa pinangka crita pamancing impen lan sapiturute. Tumpraping bocah-bocah, crita rakyat uga bisa migunani pinangka pendhidhikan budi pekerti amarga ana ing sajroning crita kasebut akeh pesen-pesen moral kang bisa dadi lantaran nandurake budi pekerti luhur tumprap bocah-bocah.
                  Titikane cerita rakyat  yaiku
§  panyebarane kanthi lisan,
§  dhuweni sifat tradisional,
§  sugih cakrek lan variasi, jenenge pangripta ora konangan,
§   wangune tiron (klise) ana ing susunan/ cara pangungkapane. Cerita rakyat duweni unsure-unsur intrinsic kayata : tema, latar, paraga, alur lan pesen.
           Mupungat cerita rakyat yaiku
§  Mupangat rekreatif yaiku menehi rasa tentrem, seneng uga menehi hiburan
§  Mupangat didaktif yaiku ndidik paraa kaang maca amarga nilai-nilai kebeneran lan keapikan kang aanaa ing sajroning crita
§  Mupangat estetis yaiku menehi nilai-nilai kaendaahan
§  Mupangat moralitas yaiku ngandhut nilai-nilai moral kang dhuwur saengga para kang maca bisa mangerteni moral kang aapik lan elek
§  Mupangat religius yaiku ngandhut ajaraaning agamaa kang bisa didadekake tuladha kanggo para kang maca
Crita rakyat iku kalebu ewone (golongan babad ), yaiku dongeng kang njupuk data, fakta sejarah saengga ana saperangan kang asipat ilmiah. Nadyan mangkono carita rakyat iku saking wus nyarira marang pikirane bebrayan kang nyengkuyung banjur kaya-kaya dumadi tumenan. 
Carita rakyat kang akeh asipat kasusastran para, tegese dianggep duweke wong akeh, jalaran ora dimangerteni  asmane kang nganggit. Kasusastran para iku tumangkare (berkembangnya) lumantar sastra lisan.


Gladhen !
Sawise para siswa maca materi ing dhuwur gawenen ringkesan carita rakyat kang ana ing Jawa Tengah lan kepriye watake paraga ing carita kasebut yen dijumbuhake karo jaman saiki ? Uga pitutur luhur apa kang ana ing carita kasebut ?